Assalamualaikum
Kali saya akan memberikan referensi cerkak basa jawa buat kalian yang lagi bingun untuk membuat cerkak.
Cerkak ini saya buat sendiri saat ditugasi oleh guru saya untuk praktik membuat cerkak basa jawa ini.
Buat kalian yang bingung, monggo cerkak saya ini bisa dijadikan referensi.
Cemburu karo Su'udzan
Dening : Muhammad Khilmi NaufalNing salah sawijining perusahaan, Irwan kerja golek duwit dadi karyawan saben dina. Urip uripane Irwan iku serba sederhana lan ora foya foya. Irwan iku wonge ramah lan cerdas. Mula karyawan liyane seneng. Irwan ning panggon kerjane iku nduweni kanca sing cedek yaiku Vino. Saliane iku Irwan uga nduwe kanca yaiku Radhi. Radhi iku asline apik menyang Irwan. Amarga pacare Radhi yaiku Vinda luweh ndene perhatian karo Irwan, dadine Radhi cemburu. Radhi gelo nang Irwan. Radhi iku sugih, ning rada sombong yen karo Irwan.
Ing sawijing dina, Irwan diwenehi tugas manajere kanggo presentasi marang karyawan liyane. Sedina saurunge presentasi, naliaka bali kerja, Irwan nyiapake materi materi kang diperluake gawe presentasine ing dina sesok. Irwan nalika nggarap tugas iku, manggon ana ing cafe karo wifian. Vinda pacare Radhi iku ngepasi uga manggon ana ing cafe iku karo kancane. Vinda nalika omong omongan karo kancane, dheweke kaya kaya weruh Irwan sing manggon ana ing meja pojokan sanding cendela. Banjur, Vinda omong nang kancane iku taren ape marani Irwan.
"Mel, kae Irwan tah? nang sanding cendela kae? "
"Sing endi tah, Vin Irwan iku? "
"Sing iku loh, pojokan sing anding cendela. "
"Owalah lah, iyo iku Irwan.Ngapa??? "
"Aku tak marani Irwan ya, Mel sadela bae. "
"Iya, Vin. Paranana Irwan. Kok lagi serius banget dheweke. "
Mari taren karo Mela, Vinda banjur mlaku marani Irwan sing lagi serius ndelengi laptope.
Mari nang sandinge Irwan, Vinda ngageti Irwan sing lagi serius iku. Irwan banjur kaget yen ana Vinda nang sandinge. Irwan banjur takon menyang Vinda.
"Loh, Vin, kok awakmu ning kene tah ? Wes suwe tah lehmu nang kene? "
"Iya, aku kene lagi wae kok Wan. "
"Lha karo sapa kowe mau nang kene? "
"Kae karo Mela, nang kana kae wonge, hehe. Aku mau lungguh nang kana karo dheweke, trus aku ngerti kowe banjur aku taren nang Mela marani awakmu. "
"Owalah berarti awakmu mau karo Mela renene yo? "
Banjur Vinda nakoni Irwan kok serius temen lagi nggarap apa. Trus Irwan njawab yen dheweke lagi nggarap materi materi sing ape disampekno nang presentasi sesok nang karyawan liyane. Ngerteni iku Vinda nawari yen dheweke iso ngrewangi nggarap materi sing arep di presentasikne marang karyawan liyane.
Nalika Vinda ngrewangi Irwan ndialah, Radhi pacare Vinda iku mlebu ing kafe. Pertamane mlebu, Radhi durung ngerti yen ana Irwan lan Vinda ing kono. Nanging, Radhi neng kafe kuwi ngerti Mela. Pikire Radhi yen ono Mela, mesthi ana Vinda. Nalika wis mlebu neng kafe kuwi Radhi marani Mela, lan takon, " Mel, awakmu mau karo sopo? "
"Aku mau karo Vinda, Dhi. Kae opo wonge karo Irwan. " jawabe Mela nang Radhi.
Ndilalah,pas Radhi mengo ngingeti Vinda, tangane Vinda pas arep nyekel mouse e laptop ndemek tangane Irwan. Radhi ra mikir dowo langsung marani Vinda sing lungguh jejer bareng Irwan. Radhi sing pegel marang Irwan nakoni Vinda. Radhi nakoni Vinda, ngopo kok nyekel tangane Irwan. Radhi uga ngomong nang Vinda yen dheweke ora seneng yen Vinda cedak cedak karo Irwan kuwi. Banjur Radhi ngomong nang Irwan, yen dheweke ojo cedak cedak karo Vinda, mergo Vinda kuwi pacare dheweke. Banjur ngomong, Radhi sing nesu, akhire metu saka kafe banjur bali.
Vinda banjur ngomong ning Irwan, supaya omongane Radhi mau dijarno bae. Vinda asline yo ngesakke Irwan di geloni Radhi mergo dheweke. Tapi Vinda mikire, "ngrewangi wong sing butuh apa maneh sing wes kenal, lagi katon kasusahan kan yo ora salah, justru malah apik kan?". Nanging pikire Radhi ora tekan semono yen wes weruh Irwan. Mesthi pikirane sing elek elek. Apa maneh yen wis bareng karo Vinda, pikirane Radhi malah tambah ala maneh menyang Irwan.
Nalika bar maghrib, Vinda pamit bali menyang Irwan. Banjur Vinda lan Mela metu saka kafe iku lan terus bali. Irwan isih nang kafe iku kanggo ngebarake tugase mau. Nalika Irwan wis arep bar tugase, Irwan kepikiran omongane Radhi mau. Irwan kepikiran terus, banjur dheweke pingin nglanjutake tugase mau menyang omah. Akhire Irwan bali menyang omahe.
Ning dalan nalika arep muleh, Irwan ngerti Radhi sing lagi nongkrong neng bok pinggir dalan. Ngerti yen Irwan liwat Radhi banjur mandekake irwan sing numpak motor iku. Ing papan sepi iku, kanthi ora ragu, Irwan banjur mudun saka motor. Saurunge Irwan mudun saka motore, Radhi banjur narik gulonne Irwan lan nonyo pipi ne . Radhi sing lagi nesu menyang Irwan iku banjur ngomong nang Irwan maneh gawe meringatake Irwan supaya dheweke ora cedak cedak karo Vinda. Amerga dheweke luwih cocok karo Vinda katimbang karo Irwan. Irwan banjur ngomong nang Radhi, yen dheweke iku ora ana rasa apa apa menyang Vinda. Anggepane Irwan, Vinda kuwi amung kanca bae, ora luwih saka kuwi. Sawise ngomong sadilut iku mau, Irwan langsung bali menyang omahe, gawe nglanjutake persiapane iku. Sebab Irwan wegah ngurusi sing gaweyan ora penting kaya mengkono.
Esuke pas Irwan nang kantor, Irwan nyiapake berkas gawe presentasi. Sawise siap, ndilah Vino ngerti yen Irwan nyiapake perlengkapane. Banjur, Vino nawari Irwan gelem direwangi apa ora. " Wan gelem tak rewangi apa ora? "
"Wahhh, gelem gelem Vin, mangga, hehe. " saurane Irwan.
Banjur Vino takon, " Wan, lah iku pipimu kenapa kok abang ngono? "
"Ohh, ora nyapo nyapo kok,Vin." saurane Irwan. Nanging Vino mbedek yen iku kayata tipak tonyonan. Banjur Vino ngomong nang Irwan yen pipine iki mesthi sing nonyo Radhi.
Sawise nata berkas berkas, Vino lan Irwan mlaku menyang ruangan presentasi. Ning tengah dalan, Irwan lan Vino, ketemu Radhi karo Vinda. Vinda ngingeti pipine Irwan, terus langsung takon nang Irwan, "Wan, kenapa pipi mu iku, kok abang ngono? ". Vino langsung nyrobot njawab pitakonne Vinda iku yen pipine Irwan abang amarga di tonyo karo pacare.
Banjur Vinda takon neng Radhi, yen sing diomongake Vino iku apa bener. Awale Radhi njawab ora, nanging akhire dheweke njawab bener, yen dheweke sing nonyo Irwan. Alasane mergo dheweke cemburu, trus dheweke ngrasa yen dheweke luwih pantes karo Vinda. Trus Vinda banjur ngomong menyang Radhi, yen dheweke bener bener ora ana rasa apa apa neng Irwan. Vinda nganggep Irwan iku amung kanca bae. Vinda ngomong maneh merang Radhi yen dadi uwong iku aja sok su'udzan disek, sadurunge ngerti nyatane. Lan aja mbiji uwong mek saka saklebatan mata bae.
Sawise Vinda ngomong iku, Vinda njaluk sepura neng Irwan saka kelakuane Radhi iku. Irwan banjur nyauri yen dheweke nyepurani Radhi. Sawise Irwan ngomong iku, Vino lan Irwan nglanjutake lakune menyang ruangan kanggo presentasi.
Sekian cerkak dari saya.
Thankyou telah membaca 😂
Kalian bisa tulis komentar kalian di bawah ini, 😊
Komentar
Posting Komentar